UYON-UYON
Saking tembung manguyu-uyu inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon.
Kasusastraan kang tinemu ing gendhing :
a. Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
b. Cengkok inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
c. Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
d. Gamelan inggih punika karawitan kanggo ngiringi tembang.
e. Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nganti dhuwur.
f. Titi laras inggih punika angka minangka gantine laras.
g. Pathet inggih punika ukuran cendhek lan dhuwure kanggo nglagokaketembang.
h. Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
i. Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing.
j. Swarawati inggih punika penyanyi putri, waranggana, pesindhen.
k. Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
l. Gerong inggih punika tembang kang dilagokke bareng karo gamelan kanggp barengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara.
m. Sindhenan ingih punika tetembngan ingkang dilagokke dening waranggana binarung swaraning gamelan.
n. Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
o. Bawa inggih punika ukuran bukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
p. Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
q. Blimbingan inggih punika wujud gamelan wilahan
r. Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
s. Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
t. Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane.
u. Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan.
v. Saorangkat inggih punika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
w. Sapangkon inggih punika namung laras Slendro lan Pelog.
x. Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang rincikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong, Kemong.
y. Alusan inggih punika Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
z. Balungan inggih punika Demung,Saron, Peking.
→Kawruh Budaya Gamelan Karawitan
Gamelan miturut Baosastra Djawa W.J.S Poerwadarinta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane/instrument akeh banget. Bahan sing biasane dinggo gawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut ( wesi lan plat). Musik gamelan Jwa umume duwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, kasebat pentatonic. Saprangkat gamelan komplit iku duwe 2 laras inggih punika Gamela Slendro lan Gamelan Pelog. Andharan cekak bab riciksn gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan :
A. Wujud Tebokan
Tuladhane : Bedhug, Ketipung, Kendhang, Tambur. Cara nabuh dithuthuk, ditabok.
1. Kendhang : piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo drji. Dipundamel saking kajeng (klowongan/urung) saha wacucal. Plangkan yaiku rancakan kanggo nyelehke kendhang. Swara kendhang umume dlang, dlong, dheng/nggen, thung, ket, tong, tak. Kendhang iku wujude ana :
- Kendhang Gendhing/Ageng : ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane. Kendhang satunggal kendhang ageng ditabuh dhewekan, kendhang kalih kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung.
- Kendhang Ketipung/Cilik : ngasilake swara paling dhuwur disbanding kendhang liyane.
- Kendhang Batangan/Ciblon : swara kendhang iki luwih dhuwur disbanding kendhang ageng. Kendhang Ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari lan gendhing.

- Kendhang wayangan/kosek/sabet : ngasilake swara kang luwih dhuwur disbanding kendhang ageng. Ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.
2. Wujud Wilahan
Tuladhane : Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Cara nabuh dithuthuk.
1. Gender : kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/slinder kang fungsine kanggo ngatur gema. Tabung/slinder umume digawe saka pring lan wesi tipis. Wonten kalih jinis inggih punika Gender Barung lan Gender Panerus.
2. Slenthem : gamelan wujud balingan kang ngasilake swara alus katimbang saron. Sangandhaipun wilah kaparingan bumbungan minangka resonator.
3. Gambang : wilah kang luwih gedhe iku swarane luwih rendhah. Gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam.
5. Saron Barung/Ricik : wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf disbanding saron demung.
6. Saron Peking/Panerus : Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf disbanding karo saron barung. Wilahane luwih kandhel. Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan nagnggon bantalan tawonan dipunkancing nganggo paku, rancakan ngiras resonator.
3. Wujud Wilahan Pencon
Tuladhane : Slentho, Gong, Kemodhong, Kecer. Cara nabuh dithuthuk.
1. Gong Kemodhong : Gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sidik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator.
2. Kecer : perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane, biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
4. Wujud Pencon
Tuladhane : Bonang, Hethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dithuthuk, jagur.
1. Bonang : ditata dadi rong baris. Wonten 3 jinis inggih punika Bonang Penembung, Barung, Panerus.
2. Kethuk lan Kempyang : kasusun ing papan kaya ayunan, rancakan kethuk-kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.
4. Kempul : cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, ukuran kempul luwih cilik swarane luwih dhuwur.
5. Gong : piranti gaelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, duwe ukuran paling gedhe. Digantung ing gayor kang umume digawe saka kayu. Gong duwe fungsi yaiku kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.
- Gong Ageng : duwe nada paling rendhah disbanding swara piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo tanda akhir gendhing kang umum diarani gongan.
- Gong Suwukan : ukurane luwih cilik disbanding gong ageng. Duwe nada luwih dhuwur disbanding gong ageng.
5. Wujud Kawatan
Tuladhane : Rebab, Siter, Clempug. Cara nabuh rebeb di gesek dene siter lan clempung di pethik.
1. Rebab : gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo bukani gendhing. Dipundamel saking kajeng utawi gadhing, membrane saha kawat. Senggreng di damel saking kajeng lan bubat (rambut jaran).
2. Celempung lan Siter : ing pagelaran gamelan, piranti iku kalebu kelompok penerus lan duwe tempo kang padha karo gambang inggih punika tempo cepet. Celempung dipundamel saking kajeng saha kawat. Rancakan ngiras resonator. Cara ngungelaken dipunpethik/cuwik kuku jempol asta.
Tuladhane : Suling. Cara ngungelaken di sebul.
1. Suling : fungsine kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring. Swara suling diasilake saka rongga angin digeterake liwat sebulan angina. Frekuensi gelombang gumantung karo ukuran dawa rongga angina sing digeterake.
→Kemanak : perangkat gamelan kang wujude memper gendhang. Biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
Tuladhane uyon-uyon inggih punika :
Pangatak, Pelog Nem
Ki Nartosabdo
Pr : Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe tenguk tenguk
Ngelingono ning pawon kendile ngguling
Lk: Lha iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon
Pr: Iyo bener kandhamu
Pawon iku dadi kwajibanku
Ning pikiren beras entek bumbu tapis
Lk: Yen ngunu aku seng kujur
Opo sing kudu tak adol
Pr: Ojo keladuk gemblung
Uwong lanang mung kawitan dengkul
Opo seneng yen brayatmu podo klingsir
Lk: Mungko aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong
Pr: Ambok welas anakmu
Njalokane ono kebon jembrung
Sregepono olah lemah ditanduri
Lk: Aku njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon
Gancaripun sekar punika :
a. Bapak iku dadi satriyaning kaluwarga pramila kedah sregep nyambut damel.
b. Ibu minangka tuladha kangge anake, kedah sing sabar ngadepi kahanan.
c. Dados tiyang kakung boten saged nglokro (kesed).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar