Sabtu, 20 Mei 2017

PAWARTOS


PAWARTOS

                Pawartos inggih punika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (wonten pundi), Why  (kenging menapa), How (kadospundi). Jinis pawartos inggih menika Pawartos Langsung (Straight News), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha pawartos photo. Stuktur panyeratan pwartos inggih menika :
a. Irah-irahan (head)
b. Baris tengah (dateline)
c. Teras pawartos (lead)
d. Wos pawartos (body)
Sifat Pawartos inggih punika :
a. Aktual
b. Faktual : Objectif
c. Cekak Aos
d. Narik kawigaten
e. Jangkep
Ingkang kedah dipun gatosaken nalika maos pawartos inggih punika :
a. Pocapan (lafal) nggatosaken vocal, konsonan.
b. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara/nada.
c. Kawijangan pocapan inggih punika gambling dipunmirengaken saha leres tumpraping pangangem basa.
d. Pandelenging netra saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
e. Solah bawa maos kaudia ingkang santun miwah leres.
Ingkang perlu dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
a. Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
b. Bedakaken informasi ingkang wigati saha boten wigati.
c. Nyatet informasi ingkang leres saha premati.
Perkawis ingkang kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
a. Panyaruhipun menika sak mesthi nipun dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
b. Panyaruhipun kedah cetha.
c. Tembung-tembung saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
d. Panyaruhipun menik kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan).


Tuladhanipun pawartos inggih menika :

Seni Shufa Solo Imlek Fair
Solo, www.jogjatv.tv (30/1) – Pahargyan warsa enggal Imlek ing Surakarta utawi gumelaring  Solo Imlek Fair, dipun punjeraken ing  tlatah Peken Gedhe Hardjonagoro. Papan gumelaring kridha rinengga lampion, masyarakat ugi dipun lipur maneka seni saking negeri tirai bambu, antawisipun shufa utawi Kaligrafi Tiongkok.
Shufa inggih saking tembung Shu ingkang tegesipun tulis dene Fa tegesipun cara. Cekakipun shufa inggih seni nulis tradisional Tiongkok ingkang nengenaken kaendahan sarta kandel lan tipisipun seratan.  Ing jaman kawuri, kesenian umur 6.000 taun kasebat ngginaken deling, nanging anut pangrembakaning jaman,  shufa samangke ngginakaken media kertas. Sedaya media ingkang dipun ginakaken kangge damel shufa dipun sebat  Empat Mustika Kamar Belajar, inggih punika kuas, kertas, tinta bak lan batu tinta. Sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair masyarakat saged ningali seni shufa punika kanthi lelahanan. Warga saged nyerat dhateng kertas, salajengipun  para Anggota Majlis Agama Konghucu Indonesia (Makin) ingkang badhe njlentrehaken Tapsir Tiongkok lan dipun serat dados shufa. Sedalu para Anggota Makin saged damel atusan seratan, antawisipun nama pawongan, pitutur lan piwulang Nagari Tiongkok.
Pangrembakaning seni nulis kawiwitan Aksara Zhuan Shu, amakili gaya kaligrafi Dinasti Qim. Seni kasebat ngrembaka dados Li Shu ing jamanipun Dinasti Han, lajeng  gaya Kai Shu, Cao Shu lan Qing Shu. Seratan sufha beda kaliyan aksara latin, awit anggenipun maos mangandhap. Ingkang asring sinerat salebeting shufa inggih Piwulang Tiongkok bab naga lan Phoenix, pralambang sih katresnan.
Menawi panjenengan kepingin dipun damelaken shufa, panjenengan saged dhateng ing lantai kalih Peken  Gedhe iring kilen, wiwit jam 16.00 WIB ngantos jam 21.00 WIB, sadangunipun gumelaring Solo Imlek Fair. Shufa punika dipun cawisaken kanthi lelahanan minangka program memetri Kabudayan Tionghoa. ( Heru Kristyanto )
  
            Analisis :
            Struktur teks :
            Paragraf 1 : Teras
            Paragraf 2,3,4 : Wos/Isi
a.       Irah-Irahan : Seni Shufa Solo Imlek Fair
b.      Teras : Pahargyan warsa enggal Imlek ing Surakarta utawi gumelaring  Solo Imlek Fair, dipun punjeraken ing  tlatah Peken Gedhe Hardjonagoro. Papan gumelaring kridha rinengga lampion, masyarakat ugi dipun lipur maneka seni saking negeri tirai bambu, antawisipun shufa utawi Kaligrafi Tiongkok.
c.       Dateline : Solo, www.jogjatv.tv (30/1) 
d.      Unsur 5W+1H
-          Sinten ingkang damel program Seni Shufa Solo Imlek Fair?
Wangsulan : Memetri Kabudayan Tionghoa.
-          Kapan Seni Shufa Solo Imlek Fair dipun laksanaaken?
Wangsulan : Seni Shufa Solo Imlek Fair kalaksanaaken tanggal 28 Januari 2017 pukul 16.00-21.00 WIB
-          Menapa ingkang dipunwastani Shufa?
Wangsulan : Shufa inggih saking tembung Shu ingkang tegesipun tulis dene Fa tegesipun cara. Cekakipun shufa inggih seni nulis tradisional Tiongkok ingkang nengenaken kaendahan sarta kandel lan tipisipun seratan
-          Wonten pundi Seni Shufa Imlek Fair dipun laksanaaken?
Wangsulan : Wonten lantai kalih Peken Gedhe Hardjonagoro iring kilen.
-          Kenging menapa Seni Shufa Imlek Fair dipun laksanaaken?
Wangsulan : Kangge mengeti dinten Imlek
-          Kadospundi media kang digunaaken kangge damel Shufa?
Wangsulan : Ngginaken deling, nanging anut pangrembakaning jaman,  shufa samangke ngginakaken media kertas. Sedaya media ingkang dipun ginakaken kangge damel shufa dipun sebat  Empat Mustika Kamar Belajar, inggih punika kuas, kertas, tinta bak lan batu tinta.
e.       Informasi ingkang wigatos
-          Shufa inggih saking tembung Shu ingkang tegesipun tulis dene Fa tegesipun cara. Cekakipun shufa inggih seni nulis tradisional Tiongkok ingkang nengenaken kaendahan sarta kandel lan tipisipun seratan.
-          Pangrembakaning seni nulis kawiwitan Aksara Zhuan Shu, Seni kasebat ngrembaka dados Li Shu ing jamanipun Dinasti Han, lajeng  gaya Kai Shu, Cao Shu lan Qing Shu.
-          Seni Shufa Solo Imlek Fair badhe dilaksaaken wonten lantai kalih Peken Gedhe Hardjonagoro iring kilen, , wiwit jam 16.00 WIB ngantos jam 21.00 WIB.

f.       Informasi ingkang leres saha premati (fakta)
-          Ing jaman kawuri, kesenian umur 6.000 taun kasebat ngginaken deling, nanging anut pangrembakaning jaman,  shufa samangke ngginakaken media kertas.
-          Pangrembakaning seni nulis kawiwitan Aksara Zhuan Shu, amakili gaya kaligrafi Dinasti Qim. Seni kasebat ngrembaka dados Li Shu ing jamanipun Dinasti Han, lajeng  gaya Kai Shu, Cao Shu lan Qing Shu. Seratan sufha beda kaliyan aksara latin, awit anggenipun maos mangandhap. Ingkang asring sinerat salebeting shufa inggih Piwulang Tiongkok bab naga lan Phoenix, pralambang sih katresnan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar