SESORAH
Sesorah
inggih punika salah satunggaling
kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi
ide.
Pamedhar
sabda inggih punika wong kang nindakakek ayahan/ jejibahan medhar sabda, dene
sing diarani medhar sabda yaiku nglairake utawa njlentrehake sawenehing surasa
utawa isi sesorah, wejangan, wewarah, gagasan, utawa pikiran marang wong liya.
Wonten
babagan ingkang kedah dipungatosaken ing bab rantamaning sesorah, antawisipun :
1. Salam Pambuka
2. Perwaka inggih punika ngunjukaken puji
marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh serta ingkang
mbiyantu lampahing adicra.
3. Surasaning basa/isi/ wos sesorah, inggih
menika underaning bab ingkang dipunwedharaken.
4. Dudutan/Kesimpulan.
4.Pangajeng-ajeng.
5. Wasana inggih menika atur panuwun saha
atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah
nggatosaken :
1. Busana (Ageman)
Anggenipun
ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluawanipun, wonten ing adicara menapa
ingkang badhe dipunayahi.
2. Subasita (Trapsila, Tata Kami)
Solah
bawa prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken.
Pramila menika saged gladhen wonten ing sangajengaipun pengilon ingkang ageng,
mangke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin pantes.
3. Swara (Vokal, Basa Populer)
Supados
saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged
mbedak-mbedakaken swantening tembung ingkang medal kanthi cetha.
4. Basa Tuwin Sastra
Basa
ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing
tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana
sakeca kapirangaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung ingkang
prasaja kemawon.
Ringkesipun
basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
1. Sinten ingkang gineman
2. Sinten ingkang dipunajak gineman
3. Sinten ingkang dipun ginem
4. Swasana nalikanipun gineman
5. Sami mangertosi ingkang dipunginem
Perkawis
ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika :
1. Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg,
sikaping susku megar metawis kalih jobin, Percaya diri.
2. Asta ngapurancang, sarisa radi jejeg,
janggut katarik, naming sampun katinggal suku.
3. Polatan katinggal sumeh, namung boten
katingal damel-damel.
4. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi
trapila.
5. Penggalih dipunsarehaken, suapados
suwanten boten kepireng ndredheg.
6. Wiramaning wicara ingkang cetha serta
kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
7. Suwonten boten perlu sora, ingkang
cekapan ananging wijang.
8. Ngagem basa ingkang alus, ananging boten
perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil dipunsuraos dening
midhangetaken.
9. Pangandikan boten perlu muter-muter,
ingkang cekak, anganging saged nyakep punapa-punaa ingkang badhe
dipunkajengaken.
Teknik
ingkang digianakaken wonten ing sesorah ingih punika :
1. Sesorah Kanthi Cara Apalan
Sesorah
cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken
tenbung ngantos ukaranipun persis kaliyan cethetan.
2. Sesorah Kanthi Cara Naskah/Teks
Sesorah
cara naskah/teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi
cathetan pidato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken.
3. Sesorah Kanthi Cara Dadakan/Impromtu
Sesorah
cara dadakan, menika cara pidhato boten kenyana-nyana saderengipun menawi badhe
dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
4. Sesorah Kanthi Cara Eksmporan
Sesorah
cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit
minangka gaman utawu pengemut-emut urutaning
ingkangbbadhe dipun ngendikaken.
Tuladhanipun
Sesorah :
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.
Kanti rahmat sarta barokahipun Allah Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita sedaya saged makempal manunggal ing wekdal lan ing papan ngriki, kanthi wilujeng kalis nir ing sambekala.
Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.
Kanti rahmat sarta barokahipun Allah Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita sedaya saged makempal manunggal ing wekdal lan ing papan ngriki, kanthi wilujeng kalis nir ing sambekala.
Keparenga kula ingkang pinji
minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng nyadi, nyuwun pangampunten
sedaya kalepatan kula sekanca dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Mugi Gusti nampi pangapunten
kula lumantar panjenengan sedaya. Gusti Allah mugi nampi amal ibadah kita,
tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman, lan keslametan dhateng
kita sedaya. Aamiin
Mugi-mugi acara Halal Bihalal iki
dados sarana nglebur dosa antawisipun sesame, ingkang rumaos lepat mboten
kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika
sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang
kita tansah bagya mulya.
Mugi kanthi wontenipun acara
menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng
sesame, ajen-ingajenan, tresna-tinresnanan ing antawisipun ingkang mudha
dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata
krama ingkang sae, ndadosaken silaturahmi saged lumampah kanthi lancar.
Wonten tetembung menawi
silaturahmi menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara menika
saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing madyaning
bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng
sesame.
Cekap semanten atur kula, menawi
wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing
penggalih Bapak Ibu Guru, karyawan saha para kanca, kula nyuwun pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sumber :
LKS Basa Jawa kelas XI
http://www.satubahasa.com/2014/12/contoh-teks-pidato-bahasa-jawa-acara-halal-bihalal.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar