Kamis, 25 Mei 2017

UYON-UYON

            Saking tembung manguyu-uyu inggih menika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon.
            Kasusastraan kang tinemu ing gendhing : 
a. Cakepan inggih punika syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
b. Cengkok inggih punika lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
c. Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
d. Gamelan inggih punika karawitan kanggo ngiringi tembang.
e. Laras inggih punika rasa thinthingane swara cendhak nganti dhuwur.
f. Titi laras inggih punika angka minangka gantine laras.
g. Pathet inggih punika ukuran cendhek lan dhuwure kanggo nglagokaketembang.
h. Pedhotan inggih punika pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
i. Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing.
j. Swarawati inggih punika penyanyi putri, waranggana, pesindhen.
k. Wiraswara inggih punika penyanyi kakung.
l. Gerong inggih punika tembang kang dilagokke bareng karo gamelan kanggp barengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara.
m. Sindhenan ingih punika tetembngan ingkang dilagokke dening waranggana binarung swaraning gamelan.
n. Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
o. Bawa inggih punika ukuran bukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
p. Buka inggih punika tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
q. Blimbingan inggih punika wujud gamelan wilahan
r. Niyaga inggih punika paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
s. Paniti inggih punika paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
t. Karawitan inggih punika gumelaring gangsa saprabote, saged wujud pagelaran mandhiri utawa kangge ngiringi pagelaran liyane.
u. Waranggana inggih punika wanita ingkang ngrengga karawitan kanthi tetembangan.
v. Saorangkat inggih punika gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog.
w. Sapangkon inggih punika namung laras Slendro lan Pelog.
x. Cokekan inggih punika pagelaran karawitan kang rincikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong, Kemong.
y. Alusan inggih punika Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling.
z. Balungan inggih punika Demung,Saron, Peking.
→Kawruh Budaya Gamelan Karawitan
Gamelan miturut Baosastra Djawa W.J.S Poerwadarinta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane/instrument akeh banget. Bahan sing biasane dinggo gawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), Kuningan saha Barut ( wesi lan plat). Musik gamelan Jwa umume duwe nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, kasebat pentatonic. Saprangkat gamelan komplit iku duwe 2 laras inggih punika Gamela Slendro lan Gamelan Pelog. Andharan cekak bab riciksn gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan :
A. Wujud Tebokan
Tuladhane : Bedhug, Ketipung, Kendhang, Tambur. Cara nabuh dithuthuk, ditabok.
1.      Kendhang : piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo drji. Dipundamel saking kajeng (klowongan/urung) saha wacucal. Plangkan yaiku rancakan kanggo nyelehke kendhang.  Swara kendhang umume dlang, dlong, dheng/nggen, thung, ket, tong, tak. Kendhang iku wujude ana :
-          Kendhang Gendhing/Ageng : ngasilake swara kang cendhek dhewe tinimbang kendhang liyane. Kendhang satunggal kendhang ageng ditabuh dhewekan, kendhang kalih kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung.
Hasil gambar untuk Kendang wayangan
-          Kendhang Ketipung/Cilik : ngasilake swara paling dhuwur disbanding kendhang liyane.
-          Kendhang Batangan/Ciblon : swara kendhang iki luwih dhuwur disbanding kendhang ageng. Kendhang Ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari lan gendhing.
Hasil gambar untuk kendang ciblon
-          Kendhang wayangan/kosek/sabet : ngasilake swara kang luwih dhuwur disbanding kendhang ageng. Ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.

2. Wujud Wilahan
Tuladhane : Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Cara nabuh dithuthuk.
1.      Gender : kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/slinder kang fungsine kanggo ngatur gema. Tabung/slinder umume digawe saka pring lan wesi tipis. Wonten kalih jinis inggih punika Gender Barung lan Gender Panerus.
2.      Slenthem : gamelan wujud balingan kang ngasilake swara alus katimbang saron. Sangandhaipun wilah kaparingan bumbungan minangka resonator.
3.      Gambang : wilah kang luwih gedhe iku swarane luwih rendhah. Gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam.
4.      Saron Demung : prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Jenis saron kang ukurane paling gedhe.
5.      Saron Barung/Ricik : wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf disbanding saron demung.
Hasil gambar untuk saron barung
6.      Saron Peking/Panerus : Ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf disbanding karo saron barung. Wilahane luwih kandhel. Wilahan saking logam, dipuntumpangaken rancakan nagnggon bantalan tawonan dipunkancing nganggo paku, rancakan ngiras resonator.
Hasil gambar untuk saron panerus
3. Wujud Wilahan Pencon
Tuladhane : Slentho, Gong, Kemodhong, Kecer. Cara nabuh dithuthuk.
1.      Gong Kemodhong : Gong wujud wilahan ngangge pencu, dipunrenteng ngangge pluntur, dipunkancing sidik, dipunpantheng dhateng rancakan ing salabatipun kaparingan klenthing kangge resonator.
Hasil gambar untuk gong kemodhong
2.      Kecer :  perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane, biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.
Hasil gambar untuk alat musik kecer
4. Wujud Pencon
Tuladhane : Bonang, Hethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dithuthuk, jagur.
1.      Bonang : ditata dadi rong baris. Wonten 3 jinis inggih punika Bonang Penembung, Barung, Panerus.
2.      Kethuk lan Kempyang : kasusun ing papan kaya ayunan, rancakan kethuk-kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.
Hasil gambar untuk kethuk dan kempyang

3.      Kenong : langkung ageng lan inggil tinimbang bonang.

Hasil gambar untuk kenong

4.      Kempul : cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, ukuran kempul luwih cilik swarane luwih dhuwur.
5.      Gong : piranti gaelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, duwe ukuran paling gedhe. Digantung ing gayor kang umume digawe saka kayu. Gong duwe fungsi yaiku kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.
-          Gong Ageng : duwe nada paling rendhah disbanding swara piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo tanda akhir gendhing kang umum diarani gongan.
-          Gong Suwukan : ukurane luwih cilik disbanding gong ageng. Duwe nada luwih dhuwur disbanding gong ageng.

5. Wujud Kawatan
Tuladhane : Rebab, Siter, Clempug. Cara nabuh rebeb di gesek dene siter lan clempung di pethik.
1.      Rebab : gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo bukani gendhing. Dipundamel saking kajeng utawi gadhing, membrane saha kawat. Senggreng di damel saking kajeng lan bubat (rambut jaran).
2.      Celempung lan Siter : ing pagelaran gamelan, piranti iku kalebu kelompok penerus lan duwe tempo kang padha karo gambang inggih punika tempo cepet. Celempung dipundamel saking kajeng saha kawat. Rancakan ngiras resonator. Cara ngungelaken dipunpethik/cuwik kuku jempol asta.
Hasil gambar untuk celempung dan siter
6. Wujud Pipa
Tuladhane : Suling. Cara ngungelaken di sebul.
1.      Suling : fungsine kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring. Swara suling diasilake saka rongga angin digeterake liwat sebulan angina. Frekuensi gelombang gumantung karo ukuran dawa rongga angina sing digeterake.
Kemanak : perangkat gamelan kang wujude memper gendhang. Biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
Tuladhane uyon-uyon inggih punika :
Pangatak, Pelog Nem
Ki Nartosabdo

Pr :       Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe tenguk tenguk
Ngelingono ning pawon kendile ngguling
Lk:       Lha iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon

Pr:        Iyo bener kandhamu
Pawon iku dadi kwajibanku
Ning pikiren beras entek bumbu tapis
Lk:       Yen ngunu aku seng kujur
Opo sing kudu tak adol

Pr:        Ojo keladuk gemblung
Uwong lanang mung kawitan dengkul
Opo seneng yen brayatmu podo klingsir
Lk:       Mungko aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong

Pr:        Ambok welas anakmu
Njalokane ono kebon jembrung
Sregepono olah lemah ditanduri
Lk:       Aku njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon

Gancaripun sekar punika :
a.       Bapak iku dadi satriyaning kaluwarga pramila kedah sregep nyambut damel.
b.      Ibu minangka tuladha kangge anake, kedah sing sabar ngadepi kahanan.
c.       Dados tiyang kakung boten saged nglokro (kesed).

Sabtu, 20 Mei 2017

CERITA CERKAK


CERITA CERKAK
            Cerkak punika salah satunggaling wujud prosa/karangan naratif fiktif. Cerita cerkak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun. Amargi cerkakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngndelaken teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi langkung panjang (Novel). Ananging menawi katingal saking karya kontemporer cerkak punika umumipun fiksi ingkang panjangipun 1.000-20.000 tembung. Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitan saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur. Cerkak ingkang limrah cariyosipun inggih menika :
a. Namung kadadosan saking satunggal pragmen/adegan,
b. Gadhah satunggal plot utawi alur
c. Seting ingkang tunggal
d. Cacahing paraga ugi winates
Cakupan wekdalipun ugi cekak.
Srtuktur dramatis wonten cerita cerkak :
a. Eksposisi (ingkang nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku)
b. Komplikasi ( kadadosan ing selebeting cariyos ingkang nepangaken konflik)
c. Krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik)
d. Klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak)
e. Wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken)
Cerkak gadhah kalih unsur inggih punika :
A. Unsur Intrinsik : unsur ingkang wonten selebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik :
1.      Tema,inggih punika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos.
2.      Latar (setting), inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing cerkak.
a.      Latar papan, tuladha : omah
b.      Latar wekdal, tuladha : wulan oktober
c.       Latar kawontenan, tuladha : sedhih
3.      Alur (plot), inggih punika reroncening kadadosan cerita cerkak.
a.      Alur Maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing cariyos tansah lumampah majeng.
b.      Alur Mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing cariyos tansah lumampah mundur.
c.       Alur campuran inggih punika antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang dadospinten-pinten tataran, inggih punika :
a.      Pangantar inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitannipun cariyos.
b.      Wiwitaning prekawis inggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
c.       Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
d.      Antiklimaks inggih punika prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
e.       Resolusi inggih punika prekawis sampun saged karampungaken.
4.      Watak, inggi punika gegambaran watak utawikarakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking 3 aspek, ingih punika:
a.       Pacelathon paraga
b.      Gegambaraning paraga
c.       Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyeratipun limrahipun ngginakaken teknik :
a.       Teknik analitik,watak wantuning paraga kagambaraken kanthi dening panyerat.
b.      Teknik dramatik,watak-wantuning paraga kagambaraken kanthi:
-          Nggambaraken bab badan saha tindak-tandukipun.
-          Nggambaraken lingkungan gesanganipun paraga.
-          Basa ingkang kaginakaken paraga.
-          Cara anggenipun mikir saking paraga.
-          Cara anggenipun paraga sanes.
5.      Nilai/amanat/piwulang luhur, inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggitlumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6.      Cara nyeratnyariyosaken/sudut pandang/point of view, inggih punika kalenggahanipun panyerat rikala nyariyosaken. Point of view kapantha dados kalih, inggih punika :
a.       Minangka tiyang kapisan, panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b.      Minangka tiyang katiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
7.      Gaya bahasa/weweling basa/majas
Tulandahe : Personifikasi, Sinekdok, Hipebola, Sinestesia lsp.


B. Unsur Ekstrinsik : inggih punika unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos ananging gadhah pangaribawa ingkang bonten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a.       Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayaan, politik, ekonomi).
b.      Latar belakang gasangipun panganggit.
c.       Kahahan social rikala cariyos punika dipundamel.
→ Caranipun damel cerkak kados mekaten :
a.       Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan, sampun dipun lampahi utawi pengalaman saking maos buku. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
b.      Damel cengkorongan (karangan) cerkak.
c.       Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
d.      Ingkang prlu dipungatosaken inggih punika :
-          Kedah wonten perkawis
-          Wonten permasalahanipun (konflik)
-          Wonten endingipun (antiklimaks)

Tuladhanipun Cerita Cerkak inggih punika :

Dudu Getih Pahlawan
Wiwit esuk Letnan Santosa tansah uring-uringan. Kopral Ngadimin sing dadi ajudane pijer kena denggung. “Kowe ki aja mung ngah-ngoh ngono Iho Pral! Meluwa urun panemu apa aweh pamudharan ngono! Ben aku ra kabotan mikir!” panyaruwene Letnan Santosa. Antuk panyaruwe mangkono, Kopral Ngadimin ya panggah bae ngah-ngoh. Pancen utege rada kendho. Tetep dienggo iku merga kasetyane. “Lha iya ta Pral. Rumangsaku sakehing rancangan Ian strategi sing dakcakake wis primpen Ian werit. Lho, kok meksa kejodheran. Pokoke ora bakal Landa bisa ngonangi rencana kita yen ora entuk bocoran. Lan bocoran kuwi genah saka wong njero!” pratelane Letnan Santosa karo wira-wiri mbanda tangan.

“Dados Letnan nginten, warga gerilya ngriki enten sing kiyanat?”

“Lha ya wis genah! Ning aku durung bisa ngira-ira, sapa ing antarane wargane dhewe iki sing kiyanat. Kowe melu-meluwa madhik-madhik!”

Ngadimin ngowoh.

“Kula Let?”

“Iya! Blajara mikir ben ora mung ngah-ngoh!”

Kopral Ngadimin klincutan.

*

PANCEN ora aneh yen Letnan Santosa tansah uning-uringan. Awit anggone nggrumut markas Landa ing omahe Dariyo mau bengi gagal total. Malah ana anggota gerilya sing dadi kurban. Pasukan Macan Loreng sing dipimpin kuwi jebul mlebu wuwu. Nalika lakune pasukan lagi metu saka alas ing gumuk Gajahmungkur, jebul wis dipapag brondongan mimis saka serdhadhu mungsuh. Pasukan Macan Loreng sing babar pisan ora ngira bakal antuk serangan, kaget Ian gugup kepati. Banjur males sabisa-bisa. Sakala, ing wengi atis iku dumadi pertempuran sing ora sababag.

Mangerteni pasukane kalah posisi, Letnan Santosa cepet gawe putusan. Pasukane ditarik mundur, bali mlebu alas. Awit yen dibacutake cetha kaya sulung mlebu geni. Mungsuh pranyata ora mbujung. Serdhadhu Landa sajake mikir-mikir yen kudu mbujung mlebu alas. Jer alas mono dadi wilayahe kaum gerilya. Sing digetuni, ana anggota pasukan cacah telu dadi kurban. Salah siji kurban kasebut yaiku Sersan Munandar, sing mujudake bau tengene Letnan Santosa. Ya Sersan Munandar iki sing asring nyumbang pamikiran Ian mbiyantu nyusun strategi. Kanthi gugure Sersan Munandar, Letnan Santosa rumangsa kelangan.

Rencana kuwi wis ditata gandhing-gandhing. Strategine wis manut teori sing cukup werit. Wondene meksa kejodheran. Mula ora aneh yen Letnan Santosa banjur ndumuk yen ing pasukane wis ketlusupan mata-mata.

Srengenge wis munjuk dhuwur. Nanging Letnan Santosa durung Ieren pamikire. Rasa getun, sedhih Ian muring uleng-ulengan dadi siji. Sauntara kuwi Kopral Ngadimin kang lungguh ing lincak pojokan lagi theklak-thekluk ngantuk.

“Pral, yen pancen ngantuk turuwa! Tinggalen aku lien neng kenel” Letnan Santosa nyaruwe.

Kopral Ngadimin gragaban.

“Gajege kowe mau rung mangan. Kana mangana sik, gek mapana turu!”

Kopral Ngadimin sumringah. Pancen wetenge wis klikikan.

“Lha Letnan ...?“

“Aku ra kolu mangan!” Kopral Ngadimin menyat nuli klithih-klithih memburi njujug pawon, nyusul kanca-kancane sing uga lagi mangan awan. Pasedhiyan pangan kanggo ransume para prajurit iku sumbangane para warga dhusun sakiwa tengene markas. Semono uga sing kajibah .Olah-olah uga ibu-ibu warga dhusun, kanthi disuhi dening Mbah Singa wedok. Ing jaman perang, bahan pangan baku trima sega thiwul Ian sega jagung. Lawuhane trima godhong-godhongan. Mung kala-kala lawuh daging yen ana prajurit gerilya antuk buron alas rupa kidang apa ayam alas.

*

Ana prajurit teka sajak kusung-kusung. Kringete gobyos, polatane abang ireng tur katon tegang. Mlebu ruwang Iangsung urmat.

“Lapor Let,” ujare rada groyok. “Ya, ana apa Ran?”

“Kula ngonangi Dalimo saweg ngeses“

“Apa anehe wong ngrokok? Rak pancen ora ana larangan tumrap anggota pasukan Macan Loreng kanggo udud?”

“Mboten ngaten Let. Ning ses ingkang dipunudud sajak mejanani.”

“Maksude?”

“Nek kanca-kanca umume rak udud tingwe. Ning ingkang dipunudud pun Dalimo ses pethak.”

“Ha? Mosok iya? Gek-gek malah kowe sing salah deleng?”

“Ah, mboten Let. Kula tesih awas kok.”

“Yen pancen mangkono ya perlu disujanani.”

“Hla nggih menika. Gek-gek pun Dalimo mata-mata mengsah?”

“His, aja kesusu ndakwa. Perlu dibuktekake dhisik!”

“Lajeng kados pundi carane mbuktekne Let?”

“Coba tlitinen neng papane anggone udud. Sapa ngerti ana tegesane sing kececer.”

“Siap Let!”

“Sing ngati-ati aja nganti ngetarani yen kowe lagi golek sisik melik.”

“Siap Let!” Prajurit Paeran urmat nuli ninggalake ruwang.

Sapungkure andahane iku, utege Letnan Santosa mubeng ngganjret. Banjur wiwit nebak-nebak Ian naliti pribadine Dalimo. Yen prejengane pancen ora ngawaki. Sabrebetan ora ana tingkah utawa patrap sing perlu dicubriyani. Ning dhek patang dina kepungkur pancen pamit tilik mulih. Kanthi pawadan niliki simboke sing lagi lara. Malah Letnan Santosa banjur mesisan njaluk tulung, supaya Dalimo gelem mampir neng omahe Letnan Santosa ing Domasan. Titip pesen supaya ngabarake marang Narmi, yen Letnan Santosa tansah ginanjar ing bagas waras. Mesthi bae Dalimo kudu nylamur Ian dhedhemitan anggone nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Baline ing markas kang dumunung ing dhusun Kalilombok iku dening Narmi digawani beras, gula, uyah, gereh Ian sawetara bumbu pawon sing pancen dibutuhake banget dening warga pasukan. Yen pranyata Dalimo pancen mata-mata, bisa uga anggone pamit niliki wong tuwane kae mung samudana. Bisa uga sing dijujug malah markas Landa ing omahe Dariyo. Ning komandhane Pasukan Macan Loreng iku ora gegabah, njur ndakwa ngono bae. Kabeh-kabeh isih perlu dibuktekake.

*

LETNAN Santosa gragaban. Mripate sing lagi rayam-rayam sakala melek byar. Wancine wis bakda Asyar. Saka arah njaba keprungu swara rame-rame. Letnan Santosa menyat, pengin weruh apa sing dumadi. Jebul ing kono katon prajurit Dalimo lagi didhabyang dening Paeran sakancane. Tangane dibanda. “Let, saestu Let, pengkianatipun pun Dalimo menika! Kalawau kula kasil manggih uthis teng celak papane kiyambake ngeses. Sareng kula tliti, cetha ses wedaIan Walandi. Kiyambake lajeng kulapadosi rame-rame. Sareng kepanggih lajeng kula urus. Waunipun mboten ngaku. Lajeng kula gledhah. Jebul teng sak clananipun tesih kepanggih bungkus ses ingkang isinipun kantun sepalih. Menika buktinipun,” lapurane prajurit Paeran adreng. Bungkus rokok sing dirampas saka Dalimo nuli diwenehake marang Letnan Santosa. Bandan prajurit Dalimo nuli digawa mlebu ruwang komandhan. Sauntara prajurit sing rubung-rubung banjur bubar, padha ngrumpul neng latar.

“Apa bener kowe dadi mata-matane Landa kaya pandakwane kanca-kancamu?” pitakone Letnan Santosa.

“Mboten Let! Lepat nek kula kawastanan dados mata-mata. Lair batin kula tetep setya dhateng republik,” wangsulane Dalimo tatag.

“Ning rokok putih weton Nederland sing kok udud iki? Saka ngendi nggonmu entuk?” Letnan Santosa nuduhake bungkus rokok iku.

Dalimo ora enggal mangsuli. Sajak owel Nanging wusana kawetu ujare.

“Let, kula rila nampi paukuman, kalebet ukuman pejah. Kula siap Let. Ning kula tetep nulak yen kawastanan dados mata-mata.”

“Bab paukuman gampang, Sing penting pengakuwan Ian kejujuranmu. Kowe kandha dudu mata-mata Landa. Ning kanggonan bukti. Njur saka ngendi nggonmu entuk rokok iki yen ora saka markas Landa?”

Dalimo ngulu idu.

Letnan mesthi mboten percados sanajan kula matur blaka. Pramila langkung sae bilih kula katembaka kemawon.”

“Aja ngomyang ! Gage kandhaa!”

“Ses menika anggenipun maringi Bu Bu Narmi ...“

“Hah?! Aja angger ngucap kowe’” Letnan Santosa muntab.

“Estu Let, kula boten dora. Ses menika anggenipun maringi nalika kula panjenengan utus sowan Ibu ing Domasan.”

Letnan Santosa kalenggak. Polatane mangar-mangar. Ambegane ngangsur. Mara-mara njabut pistule, diagarake ing bathuke Dalimo..

“Daktembak sirahmu kowe! Gunemmu iku pitenah” “Mangga, Let. Kula rila. Ning kula tetep nulak yen kawastanan mata-mata mengsah. Nanging kula pancen lepat, ketrucut matur dhateng Ibu ngengingi rencana penyerangan ingkang wusananipun mlebet wuwunipun mengsah menika.” “Pral! Kopral . .!” Letnan Santosa nguwuh. Kopral Ngadimin kusung-kusung mara banjur urmat. “Dalimo iki Iebokna krangkeng kana! Jaganen aja nganti ucul!”

“Siap Let!” Dalimo nuli digiring metu saka ruwang.

*

WANCINE wis kliwat tengah wengi. Swasana sepi. Kanthi macak kaya patrape wong ora waras, Letnan Santosa nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Wanci ngarepake subuh wis tekan Domasan, langsung njujug omah kuna cedhak poliklinik. Lakune slamet ora konangan mungsuh.Swasana ing omah kasebut isih mamring. Letnan Santosa njujug lawang pa-won nuli thothog-thothog. Let sedhela Iawang dibukak. Sing mencungul wong wadon tuwa karo nyekel dimar ublik. Maratuwane.“Kula Mbok, Santosa,” ujare karo mbukak capinge. Tanpa nggatekake polatane maratuwane kang katon kaget, langsung mblusuk mlebu. Sing dijujug senthong pribadi. Senthong sing dhek patang sasi kepungkur ajeg kanggo andon asmara karo Narmi, bojone.Slambu senthong kablyak. Kasentrong dimar ublik, katon ing ranjang iku Narmi turu mujung. Sing njalari getihe Letnan Santosa umob, Narmi turu ora ijen, nanging karo priya bule!Getih panas munjuk ing mbun-mbunan. Tanpa mikir dawa, Letnan Santosa nglolos pistule. Sedhela maneh keprungu swara jumedhor kaping pindho. Getih abang muncrat saka tatune. Dudu getih pahlawan, nanging getih “pengkianat” Lan ora kober sambat, lesane tinjo akherat!Karo mlayu ninggalake omahe, Letnan Santosa duwe keyakinan. Narmi sing ditresnani iku ora kira dadi gedibal mungsuh yen tanpa pameksa Ian ancaman. Ning uwal saka kuwi, patrape Narmi genah luput. Mula mung ukum pati sing pantes ditampa!*

Dening : Tiwiek S.A

Sumber :
Buku LKS Basa Jawa Kelas XI